Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat & Padat: Berkah Kagem Ingkang To’at, Rugi Kagem Ingkang Maksiat
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru – Memasuki wulan Safar, kathah kapitayan ing masyarakat ingkang nganggep bilih wulan punika minangka wulan ingkang ngandhut kesialan utawi beboyo. Berikut ini adalah teks naskah lengkap Khutbah Jumat bahasa Jawa dengan tema "Berkah kagem Ingkang Ta’at, Rugi kagem Ingkang Maksiat". Naskah khutbah punika ngandharaken piwulang Islam bilih boten wonten wulan sial, lan kabarokahan setunggalipun wekdal gumantung saking ketaatan lan kemaksiatan hamba dhumateng Allah SWT. Lengkap kanthi khutbah pisanan, khutbah kaping kalih, lan link unduh versi PDF ing pungkasan kaca kagem nggampilaken para khatib.
BERKAH KAGEM INGKANG TO’AT, RUGI KAGEM INGKANG MAKSIAT
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Monggo kita tansah ningkataken ketaqwaan dhumateng Allah SWT kanthi sakestu-estunipun, inggih menika nglampahi sedaya perintah-Ipun lan nebihi sedaya larangan-Ipun.
Penting sanget kagem kita sedaya ningkataken taqwa, amargi bekal ingkang dibeto wonten akhirat sanes bondho ingkang kathah, sanes rupo ingkang rupawan, nanging taqwa kita dhumateng Allah SWT. Kados ingkang dipun pangandikaaken wonten Al-Qur’an:
Artosipun: "Nggawa-a bekal sira, bilih saksae-saene bekal menika taqwa. Lan taqwa-a marang Aku (Allah), he wong-wong kang nduweni akal sehat." (QS. Al-Baqarah: 197).
Ma’asyiral Muslimin As’adakumullah,
Wonten wekdal menika, kita lumebet wonten ing wulan Safar. Wonten wulan menika, kathah tiyang nganggep bilih wulan menika wulan ingkang boten sekeca, sedaya perkawis ndadosaken sial lan boten wonten kabegjan. Anggepan menika temtu boten leres lan boten sesuai kaliyan ajaran Islam. Wonten ing Islam, boten wonten wulan ingkang saget ndugekaken beboyo lan apes. Sedaya sampun dipuntemtokaken dening Allah SWT, lan boten wonten setunggal tiyang ingkang saget ngalangi. Kados ingkang sampun dipuntegesaken wonten Al-Qur’an:
Artosipun: "Sedaya musibah ingkang wonten bumi lan ingkang nampi diri panjenengan, sedaya sampun katulis wonten ing Kitab (Lauh Mahfuzh) sakderengipun diwujudaken Allah. Estu bilih sedaya menika gampil dipunlampahi dening Allah." (QS. Al-Hadid: 22).
Ayat menika negesaken bilih musibah lan kesialan ingkang ditampi manungsa sanes disebabaken dening salah setunggaling wulan, nanging sampun dipuncathet wonten Lauh Mahfuzh saking jaman rumiyen. Ngeyakini wulan saget ndhatengaken kesialan punika keyakinan ingkang klentu. Rasulullah SAW nate ngendika:
Artosipun: "Boten wonten wabah (ingkang nyebar tanpa kehendak Allah), boten wonten ramalan sial, boten wonten manuk (sial), lan boten wonten kesialan wonten ing wulan Safar. Ngindaria saking tiyang kusta, kaya ta sira ngindar saking singa." (HR. Bukhari).
Jama’ah Jum’ah ingkang minulya,
Dados pripun caranipun kagem kita sedaya ndadosaken wulan menika kathah manfaat lan berkah? Wangsulanipun sampun cetha, inggih punika kanthi nyambut damel lan usaha ningkataken keimanan dhumateng Allah SWT. Amargi saben wekdal ingkang dipunlampahi kanthi ketaatan badhe dadosaken wulan ingkang berkah, kalebet wonten ing wulan Safar.
Wonten ing kitab Lathaiful Ma’arif Fima li Mawasimil ‘Am minal Wazhaif, Imam Ibnu Rajab dhawuhaken:
Artosipun: "Mangka, saben zaman ingkang dipunyasa dening mukmin kanthi taat marang Allah, mangka zaman menika zaman ingkang dipunberkahi. Lan saben zaman ingkang nyibukaken kawula kanthi maksiat, mangka zaman menika zaman kesialan (boten dipunberkahi)."
Mila mekaten, saget disimpulaken bilih ingkang nyebabaken wulan dados sial lan boten berkah inggih punika kathahipun kemaksiatan wonten ing dhirinipun piyambak. Umpami saben wulan dipunlampahi kanthi semangat ningkataken iman lan taqwa, mangka boten badhe wonten apes wonten ing wulan punapa kemawon. Monggo wonten ing momentum shalat Jumat menika, kita milai usaha kagem ningkataken iman lan taqwa dhumateng Allah SWT, kanthi nindakaken sedaya kewajiban, nggantos kewajiban ingkang nate katinggalan, nebihi larangan, serta tobat saking sedaya kesalahan.
Ma’asyiral Muslimin ingkang minulya,
Mekaten khutbah Jumat babagan keberkahan wulan Safar kagem tiyang ingkang taat, lan kesialan kagem tiyang ingkang maksiat. Mugi-mugi kita saget mendhet manfaat lan kaberkahan, sarta kagolongaken hamba ingkang istiqomah nglampahi perintah lan nebihi larangan-Ipun. Amin ya rabbal alamin.
Unduh versi cetak atau file dokumen untuk berkhutbah secara offline:
📥 Unduh Naskah Khutbah PDF Klik Disini

Tidak ada komentar:
Posting Komentar