Muhasabah Akhir Muharram, Mapag Wulan Safar
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru – Memasuki pergantian bulan dalam kalender Hijriah, umat Islam diajak untuk senantiasa mengevaluasi diri atau bermuhasabah. Berikut ini adalah teks lengkap Khutbah Jumat bahasa Jawa dengan tema "Muhasabah Akhir Muharram, Mapag Wulan Safar". Materi khutbah ini sangat relevan untuk menyampaikan pesan tentang pentingnya waktu, meluruskan salah paham atau mitos mengenai bulan Safar yang sering dianggap sebagai bulan sial, serta memperkuat akidah seorang muslim. Naskah khutbah ini juga dilengkapi dengan khutbah pertama, khutbah kedua, serta tautan unduh versi PDF di akhir halaman untuk memudahkan para khatib.
Muhasabah Akhir Muharram, Mapag Wulan Safar
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah.
Sumangga kita tansah ningkataken takwa dhumateng Allah kanthi nglampahi dhawuh lan nebihi laranganipun, supados saget nggayuh kabegjan dunya akhirat.
Sidang Jamaah Jumat ingkang minulyo
Sakpunika, kita sampun wonten ing pungkasan wulan Muharram lan sekedhap malih mlebet wulan Safar. Gantosipun wekdal punika tanda bilih yuswa kita samsoyo suda lan ajal tansah celak. Wonten ing pungkasan Muharram, mangga kita muhasabah, punapa sampun ngisi wulan mulya punika kanthi amal shalih utawi malah kebak maksiat? Allah Ta'ala ngandika:
Artosipun: "He wong-wong kang padha iman! Padha wedia (taqwa) sira kabeh marang Allah lan saben-saben wong becik nyumurupi apa kang wus disiapake kanggo dina sesuk (akhirat). Lan padha wedia marang Allah, satemene Allah iku Maha Waspada marang apa kang padha sira lakoni."
Sidang jamaah jum'ah rahimakumullah
Mlebet wulan Safar, taksih wonten mitos ing masyarakat bilih Safar punika wulan sial utawi kebak balak. Kapitayan kados mekaten punika mboten leres miturut Islam. Rasulullah ﷺ paring piwulang bilih sedaya wektu punika sae, lan mboten wonten kesialan amargi wulan tartamtu. Kanjeng Nabi ﷺ ngendika:
Artosipun: "Ora ana penyakit sing nular (kanthi kekuwatane dhewe), ora ana anggapan sial amarga manuk (thiyarah), ora ana kesialan amarga manuk hammah, lan ora ana kesialan ing wulan Sapar.”
Jamaah ingkang minulyo
Hadits punika negesaken dhumateng kita bilih minangka tiyang mukmin, kita kedah nggadhahi aqidah ingkang lurus. Beja lan cilaka, sugih lan mlarat, sehat lan sakit, sedaya punika wonten ing astanipun Allah SWT, sanes amargi pengaruh saking wulan Safar utawi sasi sanesipun.
Ingkang njalari manungsa punika cilaka utawi pikantuk balak satemene sanes wektunipun, nanging amargi dosa lan maksiat ingkang dipun lampahi piyambak. Menawi kita nindakaken kesaenan, ing wulan punapa kemawon, Allah badhe paring berkah. Nanging menawi kita nindakaken maksiat, ing wulan mulya nggih tetep badhe pikantuk duka saking Allah.
Jamaah Jumat rahimakumullah
Sumangga kita mapag wulan Safar kanthi semangat ngibadah ingkang langkung sae. Menawi ing wulan Muharram kita sampun miwiti kanthi sae, mangga dipun terusaken lan dipun tingkataken wonten ing wulan Safar. Amargi tiyang ingkang begja inggih punika tiyang ingkang dinten niki langkung sae tinimbang dinten wingi. Mugi Allah tansah ngreksa iman takwa kita, sarta paring barakah wonten ing saben wekdal.
Unduh versi cetak atau file dokumen untuk berkhutbah secara offline:
📥 Unduh Naskah Khutbah PDF Klik Disini

Tidak ada komentar:
Posting Komentar