Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat & Padat: Muhasabah lan Amal Saleh
Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru – Muhasabah utawi evaluasi diri minangka perkawis ingkang sanget wigati kagem saben tiyang muslim supados tansah siyaga ngadepi pagesangan akhirat. Berikut ini adalah teks naskah lengkap Khutbah Jumat bahasa Jawa dengan tema "Muhasabah: Ngetang lan Mirsani Bekel Akhirat". Materi khutbah ini menyajikan pesan mendalam tentang pentingnya menjaga keseimbangan antara iman dan amal saleh, memanfaatkan waktu sebaik-baiknya sesuai tuntunan Surah Al-Hasyr dan Al-Ashr, serta pentingnya saling menasihati dalam kebaikan. Naskah ini dilengkapi khutbah pertama, khutbah kedua, serta tautan unduh versi PDF di akhir halaman untuk memudahkan para khatib.
MUHASABAH
Kaum muslimin Rahimakumullah wa As'adakumullah,
Monggo kita tansah ningkataken keimanan soho ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT, inggih menika kanthi kita nindakaken dhawuh-dhawuhipun soho anilar punapa ingkang dados awisan-awisanipun, kanthi pangajab mugi kita sedaya saget dados golonganipun tiyang ingkang bekjo donya ugi akhiratipun, aamiin ya rabbal'aalamiin.
Sidang Jum'at Rahimakumullah wa As'adakumullah,
Gusti Allah dhawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Hasyr ayat 18:
Artosipun: "He wong kang padha iman, sira kabeh padha wediha marang Allah, lan padha nggatekna sira marang apa-apa kang dilakoni kanggo sangu ana ing dina mbesuk ing akhirat, padha taqwa-a sira marang Allah, saknyatane Allah iku Maha Waspada apa wae kang sira tindakake." (QS. Al-Hasyr: 18)
Ayat punika ngemutaken dhumateng kita sedaya, supados kita kersa muhasabah: ngetang soho mirsani dhumateng sedaya amalan ingkang sampun kita tindakaken, inggih punika amal ingkang sakmangke kita damel sangu ngadepi pagesangan ingkang langkung langgeng inggih punika gesang wonten ing akhirat.
Wonten Al-Qur'an ugi wonten dhawuh:
Artosipun: "Demi mangsa, saktemene manungsa iku ing dalem kapitunan, kajaba wong kang padha iman lan nindakake laku becik, lan gelem weling-wineling ing dalem kebecikan, lan weling-wineling ing dalem kesabaran." (QS. Al-Ashr: 1-3)
Surat punika maringi rambu-rambu dhumateng kita sedaya, inggih punika supados kita boten kagolongaken tiyang ingkang kapitunan, kita kedah beriman ugi kersa nindakaken perkawis ingkang sae ugi kersa ajak-ajak dhumateng kesaenan inggih punika perkawis ingkang menuju dhumateng mergi-mergi ingkang dipunridhoi Allah SWT.
Hadirin ingkang minulya,
Antawisipun iman soho amal saleh punika boten saget dipunpisah. Boten naming iman kemawon tanpa amal saleh, punika goroh. Utawi kosok wangsulipun, amal saleh ananging tanpa iman, punika sia-sia. Dados kekalihipun kedah sesarengan.
Amal saleh saget dipunwastani buahipun iman. Sebab yakin bilih amal sae ingkang kita tindakaken badhe dipunridhoi soho dipunganjar dening Allah SWT, punika saget nuwuhaken semangat kita kagem nindakaken kesaenan-kesaenan ingkang langkung kathah malih.
Allah ugi dhawuh:
Artosipun: "Sapa sing abot timbangan amal apike, deweke ana panguripan kang diridhoi (swarga). Lan sapa kang entheng timbangan amal apike, môngka panggonan baline yaiku neraka Hawiyah." (QS. Al-Qari'ah: 6–9)
Sidang Jum'at Rahimakumullah wa As'adakumullah,
Iman kita terkadang tambah ugi terkadang suda. Pramila amrih amal kita ajeg stabil punika mbetahaken pepenget, nasehat lan saling ngemutaken. Pepenget utawi taushiyah kedah katindakaken tanpa kendhat, sebab watak manungsa punika gampil supe, gampil lena.
Mugi-mugi kita sedaya tansah dipunparingi kekiyatan saking Ngarso Dalem Allah SWT, saget nindakaken sedaya dhawuh-dhawuhipun ugi anilar punapa ingkang dados awisan-awisanipun, lan ugi kita kagolongaken tiyang beriman soho 'amilush shalihat, aamiin aamiin aamiin yaa rabbal 'aalamiin.
Unduh versi cetak atau file dokumen untuk berkhutbah secara offline:
📥 Unduh Naskah Khutbah PDF Klik Disini

Tidak ada komentar:
Posting Komentar