Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nuladhani Akhlak Pinuji Kanjeng Nabi

Khutbah Jumat Nuladhani Akhlak Nabi

Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru – Mengeti wulan kelahiranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW tegesipun ngemuti malih sedaya perkawis ingkang kaemot wonten ing peribadi Rasulullah kagem tinuladhan ing pagesangan. Berikut ini adalah teks naskah lengkap Khutbah Jumat bahasa Jawa dengan tema "Nuladhani Akhlak Nabi". Materi khutbah punika ngandharaken wigatinipun ngagungaken budi pakerti (akhlakul karimah) minangka pratandha sampurnaning iman. Naskah punika dipunjangkepi dalil Al-Qur'an, Hadits Nabi, sarta dawuh pencerahan saking Imam Hasan Al-Bashri. Lengkap kanthi khutbah kapisan, khutbah kaping kalih, lan tautan unduh versi PDF ing pungkasan kaca kagem nggampilaken para khatib.

EDISI KHUTBAH JUMAT: Nuladhani Akhlak Nabi

NULADHANI AKHLAK NABI

KHUTBAH PERTAMA
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُولُ اللَّهِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللَّهِ، أُوصِيكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللَّهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ. وَقَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. صَدَقَ اللَّهُ الْعَظِيمُ.

Sidang Jum'at ingkang minulyo,

Măngga sami-sami netepi taqwa dhumateng Allah Ta'ala. Tegesipun tansah andherek dhawuh-dhawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun. Lan mangertosa bilih kita sakmenika mlebet wonten ing wulan ingkang bersejarah, inggih punika wulan kelahiranipun jabang bayi ingkang dados obor lan pepadhangipun ngalam dunya, yakni Rasulullah SAW.

Dene mengeti wulan kelahiranipun Kanjeng Nabi punika artosipun ngemuti malih sedaya perkawis ingkang kaemot wonten ing pribadi Rasulullah, ingkang supados dipundadosaken tuladha saklebeting kita gesang.

Jamaah ingkang dipunrahmati Allah,

Wonten ing pribadi Rasulullah punika kaemot sedaya sifat kasempurnaning manungsa. Ananging wonten salah setunggaling perkawis ingkang paling menonjol, yakni akhlak utawi budi pakerti. Ngantos-ngantos Gusti Allah Ta'ala 'alem wonten ing dhawuhipun:

وَإِنَّكَ لَعَلَىٰ خُلُقٍ عَظِيمٍ

Artosipun: "Lan setuhune sira Muhammad yektine netepi pakerti-pakerti kang agung." (QS. Al-Qalam: 4).

Saklajengipun, kita penting mangertosi, kenging punapa kok ingkang menonjol sanget wonten ing pribadi Rasulullah punika babagan Akhlakul Karimah?

Masalah punika para rawuh, kejawi panci Kanjeng Nabi punika dipun-utus supados nyempurnakaken akhlak, ugi tumerap umatipun minangka dados pratandha saking bagus lan sempurnaning iman saben-saben tiyang. Kados dhawuhipun Kanjeng Nabi:

أَكْمَلُ الْمُؤْمِنِينَ إِيمَانًا أَحْسَنُهُمْ أَخْلَاقًا

Artosipun: "Luwih sampurnane imane wong kang padha iman iku wong kang luwih bagus akhlake."

Malah-malah nalika Kanjeng Nabi dipunsuwuni pirsa masalah kathah-kathahipun perkawis ingkang andadosaken sebab ingkang mlebet suwarga, panjenenganipun dhawuhaken:

تَقْوَى اللَّهِ وَحُسْنُ الْخُلُقِ

Yakni taqwa dhumateng Allah lan bagusing pakerti.

Kaum muslimin sidang jum'at ingkang minulyo,

Mila, minangka mengeti Maulid Nabi punika măngga kita sami ningkataken anggenipun mbagusaken budi pakerti. Wonten ing tingkah punapa mawon lan wonten ing pundi-pundi panggenan. Ngantos akhlakul karimah punika sakestu-estu tumancep lan dados kewatekan kula lan panjenengan sedaya.

Dene setengah saking akhlakul karimah punika dipunngendikakaken dening Imam Hasan Al-Bashri:

حُسْنُ الْخُلُقِ بَسْطُ الْوَجْهِ، وَبَذْلُ النَّدَى، وَكَفُّ الْأَذَى

Artosipun: "Baguse pakerti iku ajere perahupan, nyerahaken peparing, lan nyegah piloro."

Tegesipun, pakerti bagus punika ketawis saking ajeripun perahupan, ramah tamah kaliyan sinten mawon, lan purun sedekah, amal sholeh, boten purun damel sakitipun tiyang sanes.

Sidang Jum'at ingkang minulyo,

Ngaten punika para rawuh, mila măngga kita mbudi daya ngamalaken dhawuh-dhawuh ing nginggil. Mugi-mugi kanthi mekaten, kita kalebet umatipun Kanjeng Nabi ingkang saged andherek niru pakerti pinuji kados ingkang sampun dipuntindakaken dening Kanjeng Rasulullah, ingkang akhiripun kula lan panjenengan sedaya benjang wonten dinten kiamat saged pikantuk derajat luhur lan parek dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Amin ya Rabbal 'alamin.

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَجَعَلَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ. إِنَّهُ هُوَ الْبَرُّ التَّوَّابُ الرَّءُوفُ الرَّحِيمُ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ.
KHUTBAH KEDUA
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ. أَمَّا بَعْدُ.
فَيَا عِبَادَ اللَّهِ! اِتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ. بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيمِ. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ سَلَامَةً فِي الدِّينِ، وَعَافِيَةً فِي الْجَسَدِ، وَزِيَادَةً فِي الْعِلْمِ، وَبَرَكَةً فِي الرِّزْقِ، وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ، وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ، وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ. اَللَّهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِي سَكَرَاتِ الْمَوْتِ، وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ، وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ.
اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوءَ الْفِتَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيسِيَا خَاصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللَّهِ! إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.

Unduh versi cetak atau file dokumen untuk berkhutbah secara offline:

📥 Unduh Naskah Khutbah PDF Klik Disini

Lainnya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Formulir Kontak

Nama

Email *

Pesan *