Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dadi Wong Islam kang Utomo

Khutbah Jumat Dadi Wong Islam kang Utomo

Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru (Jum'at Pahing, 02 Oktober 2026 / 20 Rabiul Akhir 1448 H) – Priyayi Muslim ingkang paling utami inggih punika tiyang ingkang saged njagi hak-hakipun tiyang sanes, mboten nate damel tiyang sanes rugi utawi kucewa, sarta saged njagi lisan lan tanganipun saking tumindak ingkang awon. Wonten ing gesang bermasyarakat, njagi silaturahmi lan husnuzhan dados kunci keslametan donya lan akhirat. Berikut punika naskah jangkep Khutbah Jumat bahasa Jawa kanthi tema "Dadi Wong Islam kang Utomo" ingkang dipunjangkepi dalil Al-Qur'an, Hadits Nabi, khutbah kapisan lan kaping kalih, sarta tautan unduh dokumen versi PDF ing pungkasan kaca.

EDISI KHUTBAH JUMAT: Jum'at Pahing, 02 Oktober 2026 / 20 Rabiul Akhir 1448 H

DADI WONG ISLAM KANG UTOMO

KHUTBAH PERTAMA
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُولُ اللّٰهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، أُوصِينِي نَفْسِي وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللّٰهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُونَ. وَقَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. صَدَقَ اللّٰهُ الْعَظِيمُ.

Para rawuh ingkang minulyo,

Monggo samiyo netepi taqwa dumateng Allah Ta'ala. Tegesipun tansah netepi dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun. Lan mangertoso bilih tiyang muslim ingkang paling utami inggih puniko tiyang muslim ingkang saget njagi hak-hakipun tiyang lintu. Artosipun boten nate damel perkawis ingkang ngrugeaken dumateng sesami. Wonten ing hadits dipunsebutaken:

عَنْ أَبِي مُوسَى رَضِيَ اللّٰهُ عَنْهُ قَالَ: قُلْتُ: يَا رَسُولَ اللّٰهِ أَيُّ الْمُسْلِمِينَ أَفْضَلُ؟ قَالَ: مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ

Artosipun kirang langkung: "Dipunceritaaken saking Abi Musa r.a., piyambakipun dhawuh: 'Ya Rasulullah, tiyang Islam pundi ingkang paling utami?' Rasulullah dhawuh: 'Wong kang kaum muslim selamet saking lisan lan tangane.'" (Muttafaqun 'Alaih)

Milo poro rawuh ingkang minulyo,

Monggo nderek dhawuh hadits ing nginggil, kito tingkataken anggenipun mawas diri, ngoco dumateng awak pribadi kito, sampun dumugi sepinten anggenipun dados tiyang muslim. Masalah puniko penting tansah kito gatosaken, amargi kito umat Islam puniko gesang wonten ing tengah masyarakat, ingkang model lan corakipun werni-werni.

Sahinggo ngadepi kasunyatan ingkang kados mekaten meniko kito selaku tiyang muslim kedah ngatos-ngatos anggenipun noto ati deleh awak, sampun ngantos dumawah dateng perkawis ingkang melanggar tuntunan agami. Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun pesen dumateng umatipun:

كُلُّ الْمُسْلِمِ عَلَى الْمُسْلِمِ حَرَامٌ دَمُهُ وَمَالُهُ وَعِرْضُهُ

Artosipun kirang langkung: "Saben wong muslim tumerap wong muslim liyo iku haram getihe, kehormatane, lan bondhone." (HR. Muslim)

Hadirin jama’ah Jum’at as’adakumullah,

Milo kito kedah pinter njagi awak pribadi kito. Menawi wonten tiyang lintu ingkang damel perkawis ingkang sajak boten cocok wonten ing manah umpaminipun, sampun ngantos kito gampil-gampil ngrasani, nyacat-nyacat, lan sakpiturutipun.

Langkung sae kito mendel, ngempet howo nafsu lan husnuzhan (bagusaken penyono). Sakwangsulipun, kito selaku tiyang muslim kedah saget dados tulodo tumerap tiyang sanes. Kito kedah saget dados contoh wonten ing babagan kesahenan. Sami ugi wonten ing tindak-tanduk utawi ucapan.

Menawi saget mekaten, InsyaAllah kito termasuk tiyang muslim ingkang paling utami, kados ingkang sampun dipunngendikaaken dening Kanjeng Nabi. Anggenipun ngayahi gesang ugi ngraos tenang, selamet saking perkawis ingkang boten kito remeni. Aamiin.

بَارَكَ اللّٰهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ. إِنَّهُ هُوَ الْبَرُّ التَّوَّابُ الرَّءُوفُ الرَّحِيمُ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ.
KHUTBAH KEDUA
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: أَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيمِ. إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ فِي الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ سَلَامَةً فِي الدِّينِ، وَعَافِيَةً فِي الْجَسَدِ، وَزِيَادَةً فِي الْعِلْمِ، وَبَرَكَةً فِي الرِّزْقِ، وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ، وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ، وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ. اَللّٰهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِي سَكَرَاتِ الْمَوْتِ، وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ، وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ.
اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيسِيَا خَاصَّةً وَسَائِرِ الْبُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ، فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ.

Unduh versi cetak atau file dokumen untuk berkhutbah secara offline:

📥 Unduh Naskah Khutbah PDF Klik Disini

Lainnya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Formulir Kontak

Nama

Email *

Pesan *