Guyup Rukun, Persatuan lan Sifat Tulung-Tinulung

Khutbah Jumat Guyup Rukun

Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru (Jum’at Legi, 16 Oktober 2026 / 05 Jumadal Ula 1448 H) – Pagesangan ing ngalam donya punika mbetahaken tiyang sanes lan mboten saged piyambakan. Wonten ing ajaran Islam, njaga persatuan, sifat guyup rukun, lan tulung-tinulung wonten ing kabecikan minangka salah satunggaling wohing takwa ingkang sanget wigati. Kosok wangsulipun, perpecahan lan persulayanan punika kalebet perkara ingkang awon sanget. Berikut punika naskah jangkep Khutbah Jumat bahasa Jawa kanthi tema "Guyup Rukun" ingkang dipunjangkepi dalil Al-Qur'an, Muqaddimah Qanun Asasi NU dening Hadratussyaikh KH. Hasyim Asy’ari, Hadits Nabi, dawuh Sahabat Ali karramallahu wajhah, khutbah kapisan lan kaping kalih, sarta tautan unduh dokumen versi PDF ing pungkasan kaca.

EDISI KHUTBAH JUMAT: Jum’at Legi, 16 Oktober 2026 / 05 Jumadal Ula 1448 H

GUYUP RUKUN

KHUTBAH PERTAMA
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ، اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَمَرَنَا بِالتَّعَاوُنِ وَالِاتِّحَادِ، وَنَهَانَا عَنِ التَّخَالُفِ وَالِانْفِرَادِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، شَهَادَةً أَدَّخِرُهَا لِيَوْمِ الْمَعَادِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اَلدَّاعِي إِلَى الْهُدَى وَالرَّشَادِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ تَعَالَى فِي جَمِيعِ الْأَحْوَالِ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْعَزِيزِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,

Monggo kita sami ajrih dhumateng Gusti Allah SWT wonten ing sedaya tingkah laku lan kawontenan. Sebab kanthi sarana takwa, yaiku nglakoni sedaya perintah-Ipun saha nebihi sedaya awisan-Ipun, Allah SWT badhe maringi keridhaan dhumateng kita sedaya. Kanthi takwa ugi, Allah SWT badhe dadosaken perkawis ingkang angel dados gampil, lan perkawis ingkang rupek dados jembar.

Hadirin sidang Jumat as'adakumullah,

Wonten ing antarane wohing takwa inggih punika sipat guyub rukun saha njaga persatuan lan kesatuan. Wonten ing Muqaddimah Qanun Asasi NU, Hadratussyaikh KH. Hasyim Asy’ari ngendika:

وَاعْلَمُوا أَنَّ الِاتِّحَادَ وَالتَّعَاوُنَ مِنْ أَهَمِّ الْمُهِمَّاتِ، وَأَنَّ التَّخَالُفَ وَالتَّفَرُّقَ مِنْ أَقْبَحِ السَّيِّئَاتِ

Tegesipun: "Lan ngertia sira kabeh, satemene persatuan lan sifat tulung-tinulung iku kalebu perkara kang paling penting saka kabeh perkara kang penting. Lan satemene persulayanan (perselisihan) lan perpecahan iku kalebu ala-alaning keawonan."

Sidang jamaah jum'ah rahimakumullah,

Para sedherek, bilih bersatu lan tulung-tinulung punika setunggalipun perkawis ingkang sanget penting, dene persulayanan (perselisihan) saha perpecahan punika kalebet perkawis ingkang awon sanget. Kita sedaya sampun ngertosi bilih pagesangan ing donya punika pasti mbetahaken tiyang sanes lan mboten saged piyambakan. Wiwit lair kita mbetahaken tiyang sanes, kados dene bidhan utawi dhokter, ngantos benjang menawi kita sedo ugi mbetahaken tiyang sanes. Pramila penting sanget ing sajroning pagesangan punika kita njaga persatuan lan guyub rukun, langkung-langkung dhumateng masyarakat, tangga tepalih, lan sesami.

Gusti Allah SWT sampun dhawuh wonten ing Al-Qur'an Surat Al-Ma'idah ayat 2:

وَتَعَاوَنُوا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَىٰ ۖ وَلَا تَعَاوَنُوا عَلَى الْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ

Tegesipun: "Lan padha tulung-tinulunga sira kabeh ing atase penggawean kang bagus lan takwa, lan aja sira kabeh tulung-tinulung ing atase gawe dosa lan sesatron (permusuhan)." (QS. Al-Ma'idah: 2)

Sidang Jumat rahimakumullah,

Dhawuhipun Allah SWT punika sampun cetha bilih kita sedaya kadhawuhan njaga persatuan lan tulung-tinulung wonten ing kabecikan supados kita tansah pinaringan rahmat saha kawelasan saking Allah SWT. Kados dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW:

يَدُ اللّٰهِ مَعَ الْجَمَاعَةِ

Tegesipun: "Rahmat lan pitulunge Allah diparingake marang wong kang padha rukun (bersatu)." (HR. Tirmidzi)

Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW punika negasaken bilih njaga kerukunan saha persatuan punika sanget dipun anjuraken. Saha Sayyidina Ali karramallahu wajhah ugi ngendika:

إِنَّ اللّٰهَ لَمْ يُؤْتِ أَحَدًا بِالْفُرْقَةِ خَيْرًا، لَا مِنَ الْأَوَّلِينَ وَلَا مِنَ الْآخِرِينَ

Tegesipun: "Satemene Allah ora bakal maringi kebagusan marang wong kang seneng perpecahan (ora gelem kumpul lan rukun marang kancane), wiwit zaman disik tumeko zaman akhir."

Jamaah Jumat rahimakumullah,

Saking dhawuhipun Allah, dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, saha ngendikanipun Sahabat Ali karramallahu wajhah punika, saged kita pendhet kesimpulan bilih rahmatipun Allah SWT saged temurun menawi pagesangan kita ing donya punika tansah ngutamaken saling tulung-tinulung ing kabecikan, njaga kerukunan, lan persatuan.

جَعَلَنَا اللّٰهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْمُتَعَاوِنِينَ وَالْمُتَّحِدِينَ، وَحَشَرَنَا وَإِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ الْمُتَّقِينَ، وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِي جَنَّاتِ النَّعِيمِ. أَعُوذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ: وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا ۚ وَاذْكُرُوا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ إِذْ كُنْتُمْ أَعْدَاءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهِ إِخْوَانًا. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ.
KHUTBAH KEDUA
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ، اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي نَوَّرَ بَصَائِرَ الْمُهْتَدِينَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الْأَوَّلِينَ وَالْآخِرِينَ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ. وَقَالَ اللّٰهُ تَعَالَى: إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ، وَعَنِ التَّابِعِينَ وَتَابِعِي التَّابِعِينَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ، وَانْصُرْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ.
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَاسْأَلُوهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ.

Unduh versi cetak atau file dokumen untuk berkhutbah secara offline:

📥 Unduh Naskah Khutbah PDF Klik Disini

Lainnya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Formulir Kontak

Nama

Email *

Pesan *